Sabtu, 03 Maret 2012

Puisi Tegalan

Nang kéné,nang bumi dèsa Guci
wis tak pendhem siji prasasti
aranku sing tak ukir nang watu lintang
arané kowen sing tansah tak undang-undang
nganti dadi kemlandhang – moni saben ngimpi
Nang kéné,nang bumi dèsa Guci

bumi sing tansah teles
èsuk-èsuk wis adus grimis
bocah-bocah sang payungan godhong tales
tetawa jagung bakar
ana mbok tuwa ngiyub nang èmpèr kios
tetawa wortel karo godhong slada
Nang kéné, luhé kowen tau nètès nang gigir
kowen sing lèndhotan pedhut
sing ngawé-awé méga
nyawang umur sing semingkir alon-alon
karo ninggali pitakon
sing ora bakal tak jawab
embuh,embuh,embuh
Nang kéné, nang bumi dèsa Guci
ana prasasti sing wis tak pendhem
aranku
arané kowen
lebur dadi lemi
kèntir nang kali

Tidak ada komentar:

Posting Komentar